Powered By Blogger

Jumat, 08 April 2011

MC MENOPO KEMAWON VERSI SETENGAH KAWI



PONDOK PESANTREN PUTRA-PUTRI
“AL-ITTIHAD”
PONCOL POPONGAN BRINGIN KABUPATEN SEMARANG
Berdiri Th.1310 Hijriyah / 1890 Masehi / Akta Notaris No. 4 2 / VIII / 2007. Kode Post 50772 Telp (0298)7102110 / 085226337311

Poncol 2011 M /1432 H



Hadrotal kirom linangkung rumiyén, winanti sagunging kinurmatan katur kunjuk dumateng poro alim soho ‘ulama’, langkung-langkung poro alim wal ’ulama’ ingkang mangayu bagyo kawontenanipun Tlatah (…..diisi dengan nama desa) nun inggih panjenenganipun ………….. ingkang samudayanipun tansah kito dedhèrèki menggah punopo ingkang dados sedoyo dhawah fatwanipun, ugi ingkang tansah kito tenggo-tenggo, cadhong-cadhong punopo ingkang dados dho’a barokah dalah manfa’at ilmunipun, ingkang dhahat mimulyo. Mirungganipun wonten ngarso panjenenganipun Al Mukarom romo Kyai .…(di isi sesuai dengan nama yang akan memberikan mau’idloh)…… ingkang samudayanipun tiyang wonten tlatah (….diisi nama desa ) tansah ngajeng-ngajeng punopo ingkang dados dhawah soho pangendikanipun arupi pawedhar sabdo mauidloh hasanah ingkang dhahat minulyo ugi.

Kairing sugenging kinurmatan, sawegung wonten ngarsanipun poro sesepuh, pini sepuh soho aji sepuh ingkang anggung mèstuti dhateng pepoyaning keutaman soho ingkang satuhu sinuyudan. Dhumateng poro pangemban-pangembating projo harjo miwah satriyaning negari… ( penjabat sipil punopo déné militer ),… minongko padham pandomeng kawula daséh ingkang sinubo ing pangormatan.

Katur poro rawoh kunjuk wonten ngarsanipun tamu undangan kakung wirah putri, poro pini lenggah sami ugi ingkang agung sinanggung, ingkang sinubo ing pangurmatan ugi. Mboten kata lumpèn dhumateng sedhèrèk kadang mudho soho mudi ingkang satuhu séh ing katresnan.

Nuwun poro rawuh kakung wiwah putri ingkang wiwanti ing suko rahayu..
Lumintuning pujo puji astowo, kunjuk wonten ngarsanipun gusti ingkang moho kuoso, ambabar doyo pangaribowo, ingkang tumanduk dhateng sangyaning poro kawulo, kacéhno wonten ing ari titi kalodhangan puniko, kula soho panjenengan sedoyo waged makempal manunggal wonten ing madyaning paséban puniko, ingkang saperlu ijabatutdakwah atawi angrawuhi punopo ingkang dados atur pamundhutipun bapak Panitia pengahosan(….....diisi dengan tema pengajian) ngawontenaken pahargyan agung(…….diisi dengan tema pengajian), kanti widodo, rahayu, mboten manggihi alangan kalis ing rubido nir ing sambikolo.

Rahayuning widodo soho tambahing rubo keselametan mugi kunjuk wonten ngarsanipun junjungan kito gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kita wantu-wantu punopo ingkang dados payung syafa’atipun wiwit dunya ngantos dumugi akhiratipun, mugi-mugi kanti pakempalan wonten ing titi kalodhangan meniko, èstu dados sababiyahipun dhumateng kito sedoyo dipun akèni dados umatipun, ingkang akhiripun pikantuk syafa’atipun kanjeng nabi, Amin Allahumma Amin....

Nuwun poro rawuh sami, kakung miwah putri ingkang satuhu kimurmatan
Kanti linambaran sedyo sawetawis, keparengo kulo sumelo atur, soho ngempil kamardhikan panjenengan sami, ingkang kolonipun kulo jumejer, jumantoko, amiyak madyaning paséban ingkang kanti kumowani, nyigek wacono anggèn panjenengan sekéco wawan pangendikan, sedoyo kolo wau kulo tinda’aken awit déné kulo nampi ayahan, sinaroyo saking pawengku kerso, nun inggih panjenenganipun bapak panitia Pengahosan …. Sak dèrèngipun kulo ngaturaken punopo ingkang dados atur pamundhutipun déning pawengku gati saweg sekéco kulo ngaturaken sugeng wilujeng soho ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpo pepindhan menggah rawuhipun poro pinilenggah, langkung-langkung panjenenganipun Simbah KH. ….( ditulis yang memberikan mau’idloh hasanah) mugi-mugi kasekécaaken anggenipun lelenggahan kanti kamardhikaning penggalih, ngiras pantes ndhèreè’aken lumampahing hadicoro dumugi paripurwaning hadicoro sak mangkéh.

Keparengo kulo ngelantaraken urut reruncéning titi laksono tumrap hadicoro hadicoro wonten ing titi kalondongan meniko. Awit saking meniko keparengo kulo ngaturaken menggah urut reruncéning titi laksono ingkang badhé kalampahan wonten ing titi kalodhangan puniko. Adicoro kasebat nun inggih :
1-2-3-4-5 dan seterusnya




Mekaten kolo wau menggah urut reruncéning titi laksono ingkang badhé kalampahan wonten ing titi kalodhangan puniko, ngingeti wekdal ingkang sampun sak antawis...... pramilo monggo kito bika’ sareng-sareng kanti wontenipun atur pambuko kanti waosan ummul kitab..

لرضاء لله ولشفاعة رسول الله وعلى نيتنا الصالحة شيئ لله لهم الفاتحة

Alhamdulillahirobbil ‘alamin kulo aturaken, mugi-mugi kanti waosan ummul kitab kolo wau dadosaken lancaring hadicoro ngantos dumugi paripurno.

-------------------

* Pambagio harjo ( sambutan )
Paripurno atur pangandikan saking panjenenganipun ....................... kanti ruruh hangarah prono, titi, toto, titis wijang wijiling pangandiko, sehinggo mboten wonten ingkang karempit.
* Waktu istirahat / Asosariro
Wondènten adicoro asosariro wekdal sak cekapipun kulo sumanggaaken dhumateng poro kadang mudho soho mudi soho samudayaning Panitiyo , ugi dhumateng poro rawuh kanti sanget keparengo anglajengaken anggènipun lelenggahan kanti suko manggung soho angkrahapi sedoyo pasugatan lan lelagan ingkang sampun kaladosaken ngantos dumugi paripurwaning pawiwahan agung puniko. Wondènten adicoro asosariro puniko badhé dipun hibur kalian wontenipun ............................ saking .................. dhumateng panjenenganipun ........ sasono soho suasono kawulo sumanggaaken.
* Panutup Mauidloh Hasanah
Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun ...................... ingkang sampun kepareng paring pamedar sabdo arupi mauidloh hasanah pahargyan agung… (diisi dengan acara pengajiyan apa) wonten ing titi kalodhangan puniko, mugi kito sedoyo waget mendhet hikmah-hikmahipun..
Amin Allahumma Amin
* Atur Panutup
Nuwun poro rawuh sami ingkang winanti ing suko rahayu
Kaningono bilih pawiwahan agung wonten ing saat puniko, angsal berkat rahmating Gusti Ingkang Moho Kuoso, tuwén pujo-puji astuti saking poro rawuh sedoyo, sampun kalampah kanti wilujeng nir boyo nir sambikolo, kanti meniko sumonggo kito tutup sesarengan mawi waosan tahmid .........
بقولنا ألحمدلله رب العالمين
Nuwun poro pinilenggah sami
Perlu nguntabaken kunduripun poro rawuh sedoyo, kulo soho ingkang hamengku damel sabrayat ndhèrè’aken sugeng wilujeng soho ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpo pepindhan, kanti sesanti pujo-puji mugi-mugi poro rawuh tansaho yuwono waluyo waged pinanggih ngantos dumugi akhiripun.
Ingkang terakhir kawulo minongko ingkang kapiji ngelantaraken menggah rantaman runtutipun hadicoro-hadicoro wonten ing titi kalodhangan puniko ingkang sampun paripurno, sampun sak mestinipun atur kawulo wiwit awal ngantos akhir, tansah kathah cicir crèwèt kucimaning atur, kasar saruning rembag soho kirang trapsilaning anggènipun kawulo matur, sekawit kirang soho cupeting pangertosan kawulo, mugi-mugi poro rawuh kerso anglunturaken gunging samudra pangaksomo.
Ing wusono mugio rahayu ingkang sami pinanggih kalis ing rubédo nir ing sambikolo
Wusono kulo akhiri ..........


أقول قولي هذا وأستغفر الله العظيم إنه هو الغفورالرحيم
و بالله التوفيق والهداية والرضا والعناية والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته




Poncol 2011 M / 1432 H







2 komentar: